1 Sira kang mandheg - mangu, Gusti nimbali. Tiling nata, sabdanya; Gusti nimbali. Padha mbangun turuta; tumemen ing pracaya; gya rungokna sabdanya; Gusti nimbali. Gusti dhawuh mring sira; padha enggal mareka; mara sami estokna; Gusti nimbali. 2 He, sira kang kesrakat, Gusti nimbali; karsa paring sih-rahmat; Gusti nimbali. Sihnya tetep tan kendhat, dosanira rinuwat. Mara ta, ndherek Gusti; Gusti nimbali 3 Lamun atimu susah; Gustinimbali. Mareka, temah bungah; Gusti nimbali. Sabdanya paring gesang, nuntun mring margi padhang, myang rahayuning budi; Gusti nimbali. 4 Wong pracaya dibungah; Gusti nimbali, wit Gusti nunggil tansah; Gusti nimbali. Yen ketaman panggodha; dalah nandhang sangsara, mara tetep ngabekti; Gusti nimbali.
|
|