1 Saiba ta dennya Gusti ngasihi dhateng manungsa, ngantos tedhak maring donya, nglampahi papa cintaka. 2 Malah nrimah densedani, tomboknyawa ngrembat dosa lan siksanira manungsa, sinuprih lumebeng swarga. 3 Saiba dennya ngasihi tyang durjana kang nalangsa, nadyan neng salib siniksa, mlebet Pirdus sanalika. 4 Saiba dennya ngasihi dhateng kula, dhateng ndika, de tinebus klayan rahnya, inguwalken saking siksa.
|
|