1 Sabdèng Allah makarti wradin salumah bumi. Kita kang tinimbalan tampi kawilujengan. 2 Sabdèng Allah Hyang Widi ngrimat sagung dumadi nuntun srana nimbali tumrap kang nyimpang margi. 3 Sabdèng Allah Kang Suci lestari nguwaosi. ngantos jagad kang peteng nampi pepadhang langgeng. 4 Gusti nulya ngandika, "Menyanga tegalira, panènira andadi, kang derep tan nyukupi!" 5 Panèn Paduka Gusti, mbereg kula ngenèni temah jagad warata anampi sih Paduka.
|
|