1 Rahayu kang utama lakune ngambah dalaning prentahe Pangeran. Rahayu kang netepi dhawuhe; wong kang manut ing sapangrehe Gusti. sarta tansah telatennetepi sakarsane klawan eklas ing ati. 2 Dhuh Gusti, punapa sarananya tyang nem-neman saged jujur ing lampah kejawi dipun reh, mituruta sapangandika lan prentahing Allah? Kawula sampun Paduka uja nyaleweng nilar pepaken Paduka. 3 Gusti mugi ngirid lampah kula manut-mituruta prentah Paduka, datan pegat salami-laminya; kula kaparingana manah padhang. Dhawuh Paduka kula estokna klayan eklas lan gumolonging manah. 4 Sabda Paduka minangka dilah wonten ing ngajenging suku kawula, margi kula tansah den padhangi; dhuh Gusti, kawula sampun supaos. Kawula tansah badhe netepi prentah Paduka klayan trus ing batos
|
|