1 Rahayu kang utama lakune ngambah dalaning prentahe Pangeran. Rahayu kang netepi dhawuhe. Wong kang manut ing sapangrehe Gusti, sarta tansah telaten netepi sakarsane klawan eklas ing ati. 2 Gusti mugi ngirid lampah amba manut mituruta prentahing Gusti. datan pegat salami-laminya. Kula kaparingana manah padhang, Dhawuh Paduka kula estokna klayan eklas lan gumolonging manah. 3 Dhuh Yehuwah, wicanten kawula, "Gusti punika panduman kawula, dene kawula namung sumedya badhe netepi sadhawuhing Gusti" Gusti mugi maringi sih-mirma de panyuwun kawula kanthi eklas.
|
|