1 Mung Sang Kristus Gusti, Juru basuki. Wit sih tresnanya mring manungsa, ngantos korban sarira. Mila tyang pracaya sinungan waluya wah tentrem raharja. 2 Mung Sang Kristus Gusti, Jurubasuki Sabdanira kebak pangwasa mring sajagad warata. Tyang bekti wah setya ing gesangira, kebagjan kang pinanggya. 3 Mung Sang Kristus Gusti, Jurubasuki Pangreh wah panuntuning asta damel tentreming driya. Tyang ingkang pracaya gesangnya sumarah, tan rumaos semplah.
|
|