| KPJ 2 Allah Mahasuci | |
| 1 Allah Maha suci, kula asung puji ing pangibadah puniki agung kamulyanta, ageng sih Paduka kang nitahken jagad raya. Pinuji Hyang Widi, kang siyang lan ratri ngreksa lan ngrimati. 2 Dhuh Allah Makwasa, kanthi trusing driya kawula nlangsani dosa. Mugi angapunten sarta nucèkaken, temah gesang kula ayem. Pinuja Sang Rama kang ngutus Sang Putra, jumeneng Pamarta. 3 Dhuh Allah Mamirah, sru adrenging manah. kula sami nyadhong berkah. Nggih sabda kang suci, sabdanipun Gusti: kang paring gesang sejati. Pinuji Roh Suci kang ngénggalken budi. nilar gesang lami. 4 Allah Mahaluhur, kula saos sokur, dalah pisungsung kang katur. Bandha sarta badan miwah kasagedan. dadosa kurban kang gesang. Pinundhi Roh Suci ingkang mbereg ati, bekti dhateng Gusti. |
| KPJ 1 | KPJ 3 |