1 Mara sira rungokna swaranya. Korithinothok cetha; tilingna! Gusti kang arsa mlebu, mara enggal wengakna! Ywa nganti gawe cuwa; wenganana! 2 Mara sira rungokna swaranya. Kori thinotok cetha; tilingna! Aja padha semaya, iku gawe sungkawa. Gusti ingkang angantya; wenganana! 3 Mara sira rungokna swaranya. Kori tinothok cetha; tilingna! Kang Suci, Gusti rena, ngantos ngurbanken nyawa. Ingaturna pambagya; wenganana! 4 Mara sira rungokna swaranya. Kori thinothok cetha; tilingna! Yen kepengin anampi katresnan, kabungahan, kalayan katentreman; wenganana!
|
|