| KPJ 193 Kadi Wanita Aneng Pinggir Sumur | |
| 1 Kadi wanita aneng pinggir sumur; ngono ngoronging nyawaku. Aku krungu Gusti ngandika, "Padha ngombea banyuning urip!" Adhuh Gusti, kepareng paring jejampi ngorong ing wardaya wah tetedhan, murih tuwuking nyawa, kang njalari gesang enggal kula. 2 Tan winilang kang padha nganti-anti nikmating urip neng donya; nging sengsara bisa nandhingi Yesus Gusti, yeku Sang Pamarta. 3 He, pra kanca, aja nuruti harda mung mburu barang kang nglaha. Balik padha sowana Gusti di padha kanthi tulusing driya. |
| KPJ 192 | KPJ 194 |