1 Isining kabar kabingahan winangsit ken dening Pangeran, dadya srana paring piwulang margining kautaman. Dimen tyang pitados tansah arumantos mbangun turut Gusti, nresnani sesami 2 Tyang lepat winelehken samya dening sabdaning Kang Makwasa; tyang dosa kang samya mratobat anampeni sih-rahmat. 3 Tyang sisah pinaringan lipur yen nampi sabdeng Kang Maluhur. Tyang ringkih pinaringan kiyat, kasinungan sih-rahmat
|
|