1 Gusti, Sang Juru Taman, rawuh ing tamannya; langkung sekel ing dalih, mirsani sekarnya. Sadaya sami alumwit dening kasatan; pucuk ira tumungkul margi kepanasan, pucuk ira tumungkul margi kepanasan. 2 " Kok eman puspaningsun, ora wurung mati; nggoningsun luru wadhah kanggo nyiram ngendi?" Saweg nabda makaten Gusti amrangguli. wadhah grabah kang kothong, gumlethak ing siti (2x) 3 Sabdaya Juru Taman, Kabeneran temen iki kok anan wadhah cilik nanging sedheng nadyan amung grabah nanging cepak nggone; lan rehne nuju kothong. Mara sun-agame (2x)
|
|