1 Gusti Allah Pangayom Setya, tansah ngrimati umatnya. Lir pangon rumeksa mendanya. Mula arum ngandikannya. Ora bakal Aku tega, tan bakal nilar mring sira. 2 Mula kita mosik ing ati, Aku bakal ora wedi, awit Gusti Kang Mahasetya datan tega nilar kita. Manungsa bisane apa, katandhing Allah Makwasa. 3 Payo para sagunging titah padha ngabekti mring Allah. Datan bakal sira kagelan, Gusti paring katentreman. Pangeran tan bakal cidra, rumeksa ing salamanya.
|
|