1 Sumarah mring Allah jiwa raga rineksa astanya tansah begja. Yen rinoban sisah manah datan lesah. Sinung kakiyatan sing Pangeran, sinung kakiyatan sing Pangeran. 2 Sumarah mring Allah jiwa - raga mbangun - turut Gusti trusing ati. Yen ginodha dosa binujuk duraka, kekah sarta setya ing pracaya (2x) 3 Sumarah mring Allah jiwa-raga rinoban ing berkah ayem nyata. Yen nyanggi momotan dalasan panandhang, mesthi den luwari dening Gusti (2x) 4 Sumarah mring Allah jiwa - raga, rinimat, rineksa ing sih mirma. Yen ingarah pati wit bebener yekti, mantep dugeng janji Gusti nganthi (2x) 5 Sumarah mring Allah jiwa-raga tinuntun ing sabda dugeng swarga. Yen wonten bilai wah miris ing ati, sinung lipur yekti sing Roh Suci (2x)
|
|