1 Pisungsung konjuk mring Gusti datan mung prasedasan; wit berkahnya siyang ratri lumintu tan wilangan. Sawarnining kang pengaji kaaturna mring Pangeran. 2 Misungsung kang trus ing ati karenan ngarseng Gusti, dados srana peladosan tumraping pasamuwan; mbabarken kratoning Allah, rinaosken ing akathah. 3 Nulad randha miskin-papa kang loma misungsungnya sedaya kang den darbeni sinaosken mring gusti. Mangkono padha tindakna kanthi eklas trus ing driya.
|
|