1 Nyawaku, pujinen Allah! Gusti mulyakna tansah! Slawase sinungan umur, luhurna srana masmur! krana namung Pangeran, yekti tuking kraharjan. 2 Andel-andel kang sejati sajuga, yéku Gusti. Salir jalma tanpa daya, kwasané énggal sirna. Tyang kang ngayomi mring Allah tansah rinoban berkah. 3 Allah kang nitahken jagad, kasetyané tan kendhat; mbéla tyang kinaniaya, nulungi tyang sangsara, njejegken kaadilan, ngluwari tyang ukuman. 4 Pangéran Allah Maasih ngiyatken tyang kang ringkih, mbombong tyang sisah manahnya, nyarasken tyang kang wuta Tyang mursid dèn kasihi wah ngrukti tyang ketrini. 5 Pangéran jumeneng raja, pangrèhé ing slaminya, tan négakken kang siniksa, gya nylametken umatnya. Sagunging tyang pracaya ngidungna, "Haléluya"
|
|