1 Para manuk ora tau anyebar, ngeneni utawa nandho andhungan, ewa dene Ramanu ing Suwarga, ngingoni pra manuk sadina-dina. 2 Lan maneh kembang kang ana ing bumi ya tan nyambut gawe lan ora ngantih; wadene Sang Prabu agem-ageme, isih kongkulan kembang busanane. 3 Kang iku sabdane Gusti Panutan, "Sira, sekabatku aja sumelang mungguh ing panguripanira; sira dahat ngungkuli manuk lan puspa"
|
|