1 Padha saosa puji sokur marang Allah Kang Mahaluhur; wulang bab asmane suci, den gelarna aneng bumi. Pangwasane disuwurna, aneng tengahe pra bangsa. 2 Padha saosana pamuji klawan masmur lan kidung suci. mukjijate caritakna marang sakehing manungsa. Padha luhurna asmanya klawan panabuhing gangsa. 3 Abungaha wong kang ngupaya pangayunane Kang Makwasa, padha anitik-niitika, mungguh kwasane Pangeran. Ngupayaa wedanane, elinga mring mukjijate. 4 Yehuwah ngengeti sabdane lan prasetyane mring abdine, kalawan bungah umate denirid dhateng tanahe; supaya anetepana lan ngestokna pranatannya.
|
|