1 Nèng gunung wah nèng ngaré, Gusti Allah ana. Nyanga ngendi paranku, mesthi ana uga. Endi kang dadi cipta lan osiking ati, kabèh mesthi kapirsan ing Allah Hyang Widi. 2 Sang Rama anèng swarga mengku samubarang. Sing sapa kang kumandel mesthi tinulungan. Manuk ing awang-awang, Allah kang ngingoni. Suket lan thethukulan, wrata dènpaèsi. 3 Bumi dalasan swarga wengkoné Pangéran. Jasad gedhé - cilika, Allah tan klimengan. Saliring kang tumitah sajagad warata tansah anélakaké piwlas lan kwasanya. 4 Dhuh nyawaku dèn ayem, tansah kumandela. Nèng kanan lan kéringmu, Rama Allah ana. Lamun kabotan susah, tininggal ing sanak, dalah yèn dugèng janji, Allah mesthi celak.
|
|