1 Lamun kawula, dhuh Rama, darbe atur panyuwun, mugi kula nggih sageda nrimah sakarsanipun. Lir pandonganipun Gusti, "Ywa pikajeng kawula, mung karseng Rama pribadya kang tansah binabarna." 2 Sagung peparinge Allah saestu munpangati; mila kula tansah nrimah, sarta kanthi pamuji. Lir pandonganipun Gusti, "Ywa pikajeng kawula, mung karseng Rama pribadya kang tansah binabarna." 3 Mung katresnaning Pangeran dados tuking panglipur; mila sisah, karibedan, aturna Kang Maluhur. Lir pandonganipun Gusti, "Ywa pikajeng kawula, mung karseng Rama pribadya kang tansah binabarna."
|
|