1 Lah ta padha mawasa kembang neng ara-ara; tan angantih tan nenun, saestu endah warnanya. Sapa ta kang akarya myang maringi busana? De endah munjuli, de endah munjuli. 2 Gusti wus ngandika, "Sun kinacek lan puspa; myang saliring dumadi, ingkang gumlar neng donya, smana nggennya ngrimati, tan pisan nguciwani". Mendah tumrap kula, mendah tumrap kula! 3 Heh, nyawaku ja kwatir tumrap sandhang lan tedha, Allahmu tan mubadir, wah gung sihe mring kita. Jroning sedhih myang susah, sumendhea mring Allah; tamtu sinung ayem, tamtu sinung ayem.
|
|