1 Kula ngaturken sembah bekti, de Gusti tansah mberkahi nggen kula tansah nambut kardi kanthi temen lan taberi. Abot entheng datan ngresula, lelados kang trusing driya, berkah rejeki sing Maluhur tinampi lan puji sokur. 2 Kula sumarah mring Pangeran kang maringi pangayoman, dadosa dalu lelimengan punapa padhang rembulan. Satangi kula saking tilem, manah sakalangkung tentrem. Kula saged ngaso sekeca, wit astane Gusti ngreksa. 3 Kula memuji datan kendhat mring sihe Allah murbengrat. Wanci enjing surya sumunar, mulyaning alam ginelar. Tetuwuhan wah sato-kewan mawarni ngebaki bumi. Gya kawula gumregah tangi, nindakken karsaning Gusti.
|
|