1 Konjuk mring Kang Mahaagung, kula saos pisungsung; cihnaning bingahing manah, wit berkahing Allah; sumengka wah sinengkera, lan temen rineksa, dadya srana munpangati, mrih kamulyaning Gusti. 2 Konjuk Allah Kang Maluhur kawula saos sokur, kebabaring raos urmat wit tansah rinimat, dalah gesang kula mugi kagem déning Gusti, dadya lantaraning berkah tumraha mring tyang kathah. 3 Konjuk ing ngarsaning Allah kawula sung panrimah, tandha ajrih-asih kula wit gung sih-rahmatnya. Mugi Gusti nggih karenan, temah binerkahan, dadya margi Kratoning Allah binabar nèng bumi.
|
|