1 Jiwa raga kawula konjuk mring Sang Pamarta, mugi dados lantaran kamulyaning Pangeran, kamulyaning Pangeran. 2 Tangan-suku kawula nindakken pakaryannya, mrih sesami basuki, nampeni sihing Gusti, nampeni sihing Gusti. 3 Dalah kedaling ilat nggih ngundhangken sih-rahmat, temah asmaning Gusti datan kendhat pinuji, datan kendhat pinuji. 4 Bandha lan kasugihan, wekdal, wah kasagedan, nggih gesang sawetahnya dadya pisungsung nyata, dadya pisungsung nyata.
|
|