1 Gusti, kawula ngaturken badan nyawa kawula, sumangga Paduka agem kawula kagunganta. Bingah sisaha kula marem nunggil Paduka, dhuh Gusti purbeng tresna, kula pasrah Paduka. 2 Datan wonten andel-andel namung Paduka Gusti; mila kawula kumandel pasrah kang trus ing ati. 3 Raja brana, kasugihan, dalasan kasagedan, kagema dados lantaran babaring kabingahan.
|
|