1 Gesang kawula, Gusti, lumados mring Paduka. Saben kula makarti, Paduka kang makarya. 2 Mobah-mosiking driya wah pangangkah kawula, mrih prayogining lampah, mbabarna karseng Allah. 3 Kedaling ilat kula, solah-bawa trapsila, namung tansah nelakna sagung ing sih Paduka. 4 Bandha lan kasagedan katur minangka kurban, cihnaning pangabekti sinaosken mring Gusti 5 Gesang ing sawetahnya Paduka kang kagungan. Gusti jumeneng raja ngantos dugeng wekasan
|
|