1 Ditansah padha bungaha nampeni kabegjan swarga, karana kita wong dosa ingentas saking antaka. Tansah bungah ing patunggilane Gusti, tansah bungah, wit sinung gesang sejati 2 Tansah ulah kabecikan, dhemen aweh pitulungan, yeku pratandhaning sokur mring sihing Allah Maluhur. 3 Ditansah mantep pracaya, tan was-sumelang ing ati. Tegen nyenyuwun, ndedonga, pasrah, wit Gustimu nganthi. 4 Ditansah padha bungaha, wit antuk tentrem-raharja. Gustimu ngreksa slamanya saparan lakunira.
|
|