1 Aku tan naté mangerti kapan begja cilaka, mung tansah pasrah mring Gusti, yéku Pamarta setya. Mantep pracaya ing ati manut rèh lan sabdanya. Tinuntun dumugèng janji mring kasampurnan swarga. 2 Aku asring tan mangerti karsèng Allah Makwasa. Donga panyuwuning ati tan kajurungan mulya. Nging yektiné, Gusti nganthi; astanya tansah ngreksa. Dé panuntuning Roh Suci, sirna pangrehing dosa. 3 Uripku ing pangrèhé Gusti, tan ana pangrèh liya. Kasarasan lan rejeki, wuwuhing sih-nugraha. Rancangan tinata tliti, pratandhaning sutresna. Aku tan kwatir, tan wedi, mung begja kang pinanggya.
|
|