1 Samangke sampun sidhem, kawula badhe tilem Gusti mugi rumeksa mring kula lare papa. 2 Dosa klepatan kula mugi Gusti ngapura, regeding manah niki mugi Gusti ngresiki. 3 Tyang sepuh, guru kula, mitra lan kadang warga, mugi Gusti ngaubiing waktu dalu niki. 4 Para kanca kang mlarat lan para kang kesrakat, mugi Gusti mberkahi krana Yesus Njeng Gusti. 5 Mbebjing yen kula tangi, king tileman, dhuh Gusti, badan manah lan krekat, Gusti ndadosaken kiyat.
|
|