1 Dhuh Rama kula ing swarga, asma Paduka sinucekna; kraton Paduka rawuha, wradin ing sajagad sadaya. Karsa Paduka kalampahana, neng bumi kadya neng swarga. Kula mugi pinaringana, rejeki kula sadintennya. Paduka mugi angaksama, sagunging klepatan kula. 2 Kados dene kula ngapunten tyang kang klepatan dhateng kula. Punapa malih sampun ngantos kula dhawah kenging panggodha; kula Paduka uwalaken saking wewatakan dursila, awit Paduka kang kagungan kraton kaliyan wisesa wah malih kamulyan kang langgeng ing salaminipun. Amin
|
|