1 Yesus Roti Panguripan, tumurun saking swarga, paring tuwuk kasantosan mring sagung tyang pracaya. 2 Yesus tuking toya gesang, nyegerken nyawa lungkrah, cinawisken saliring tiyang ngorong nyadhong berkah. 3 Yesus dados margi utami sowan mring sang Rama tumrap tiyang kang nglangkungi tutug, gesangnya mulya. 4 Yesus Pangen kang utami ngurbanken sariranya Kita menda tan bilai, kalis saking antaka. 5 Yesus sang Cempening Allah dadya Juru-Wilujeng, awit dening wutahing rah, maringi gesang langgeng. 6 Yesus pangayoman setya, langgeng ing salaminya. Nadyan jagad kongsi sirna, panggah ing pangreksanya.
|
|