1

Yen sira sangsara sarta sedhih,

manteba pracaya, Allah tan tebih.

Aja wedi, Gustimu nganthi.

Rehing kadursilan mesthi kasoran.

Pepeteng dosa ilang sirna,

mung gung karaharjan, linuberan.

2

Yen nyanggi momotan wah panandhang,

sira aja semplah alit ing manah.

Iblis julig memilut driya,

milih margi entheng nging dugeng nraka.

Pasrah mring Allah nyuwun kiyat,

sira tamtu rinoban sih-rahmat.