1 Yen nunggil lan Gusti rinten dalu manah langkung tentrem arahayu. Kula angantos Gusti siyang klayan ratri kanthi pitados Gusti, Gusti mberkahi. 2 Yen nunggil lan Gusti jro ginodha, kula saged unggul maring dosa 3 Yen nunggil lan Gusti siyang-ratri, birat najis kula temah suci. 4 Yen nunggil lan Gusti, kasisahan mantun kagentosan kabingahan. 5 Yen nunggil lan Gusti saged ngertos, kang dados karsanya ing sayektos.
|
|