1 Tyang duraka samnya nyatroni kawula, nyatur mengsah kula, memoyoi, tansah ngarah kula pejah srana panganiyaya. Dhuh kawula nyuwun pangayoman, Gusti, tuking kamulyan adi kang tansah myarsakken saliring pasambat, pandonganing pra umat 2 Nging Pangeran Gusti, kula datan wedi mring tyang drengki wah srei. wit tyang ang duraka mesthi dènasorna deneng asta Paduka. Tyang pracaya yekti Paduka bélani wah rineksa sing pati. Mila kula ayem, gesang tansah tentrem, krana kabegjan langgeng.
|
|