1 Tiyang pitados tentrem gesangnya, yen nunggil Sang Pamarta. Panggah seger kadya epang lamun ing witira. Tyang kang tansah manut rehing Gusti amung begja kang pinanggya. Binerkahan siyang lan ratri lestantun rineksa. 2 Tiyang pitados gesang lestari, lamun nunggil lan Gusti. kadya epang lan wohira, yèn nunggil ing witnya. 3 Tiyang pitados bombong ing manah, karana Sang Pamarta. Kadya epang awoh kathah, yèn tulus ing witnya. 4 Tìyang pitados nging tanpa lampah, gesangira mung nglaha. Kadya epang kang kapisah, yèn wohé tan ana.
|
|