1 Sihe Allah gung sanyata mring kawula tyang dosa; sing bangsa sanes umatnya ingangkat dados putra, tinebus Sang Kristus Gusti, gesang enggal sayekti. Nindakna pakarti luhur, yeku tandha ning sokur. 2 Sih - nugrahaning Pangéran, peparing lelahanan. Tan wonten dosa duraka kang datan ingapura. Nging tyang kang wangkot ing ati, pracaya mung ing lathi, pinagas saking sih-rahmat, sangsara ing akérat. 3 Sihing Allah sèstu adya, nentremken tyang pracaya pinurih dadya rowangnya, mbabar kratoning swarga. Awit katresnaning Allah, karaharjan sumrambah. Asmanipun kaluhurna, samangkya lan slaminya.
|
|