1 Sang Yehuwah, yeku Allah kula, kang nyembadani panyuwun kula. Mila dhawuhipun, "Lah kumandela, Ingsun datan negakake sira!" 2 Sang Yéhuwah, yéku Allah kula, tan males durakaning manungsa. Mila dhawuhipun, "Lah umareka, Ingsun kagungan sih-palimirma!" 3 Sang Yéhuwah, yéku Allah kula, karsa nglanting tangan kawula. Sèstu Allah dados karosan kula mila tansah kawula tresnani
|
|