1 Sang Kristus tameng santosa, nguwalken saking rubeda. Neng jroning bebaya pati, Gusti kang badhe nulungi. Sang Kristus peparang tansah ngayomi, angayomi, angayomi, ampingan kula jroning prahara, pangungsen ingkang santosa 2 Sang Kristus Pangén kang setya anggiring sagung méndanya mring parumputan lan toya nebihken saking bebaya. 3 Kalamun rumpil marginya, Sang Kristus mulung astanya. Ketriwal dipun upadi, pinanggih dipun rimati.
|
|