1 Sakèhing was sumelangmu pasrahna mring Gusti, wit saliring mitramu tan bisa mrantasi. Jer sagunging manungsa nyanggi sumelangé, kang pinasrahan tan ana, tansah kuwur atiné. Diénggal pasrahna ing astané Gusti sagung kuwatirira, wus mesthi dèn tulungi 2 Yéhuwah iku pangènmu, pamomong sejati, kang nentremken atimu, setya ing panganthi. Payo, prayoga sowan marek Sang Pamarta kanthi giyak bebarengan, tan mangu ing wardaya
|
|