1 Pundi margi ingkang kwawi nyingkiraken kawula saking pangrehing antaka damel gesang sangsara? Margi nira mung sajuga, Kristus Gusti Masuci. Wit pracaya mring asmanya, kula gesang sanyata. 2 Pundi margi ingkang kwawi angluwari kawula sing pamengkuning dursila damel miris driya? 3 Pundi margi ingkang kwawi nguculi manah kula saking panjireting dosa nguja napsu duraka?
|
|