1 Pracayaa lan pasrah mring Allah Makwasa, salir prihatinira tamtu enggal sirna. Ngambah margining Gusti sira den berkahi, tansah antuk kabegjan, datan kawirangan. 2 Lamun sira nggresula, iku tanpa guna; tuwas muwuhi susah, angedohken bungah. becik nitèni berkah peparingé Allah, mrih salir sedyanira tinuntun sembada. 3 Sapa bisa njajagi mring karsaning Gusti? Sira tan darbé kwasa ngulur umurira, mung tansah mbudidaya sinartan pandonga, suméndhé mring Pangéran, murih kaleksanan. 4 Lamun nyangga momotan, ingancam bebaya, ngungsia mring Pangeran, ywa semplah ing driya; sira rineksa Gusti, mrih datan bilai, tan sandé linuwaran wah sinung kraharjan.
|
|