1 Nitenana sihe Gusti kang mbayu mili Ywa manut bujuking Iblis, wohe mung pati Dipanggah kanthi sumarah kang trusing manah, kasorna panggodha srana tegen ndedonga. 2 Nadyan den iming-imingi bandha sadonya, milaur setya mring Gusti, sinungan swarga. 3 Iblis nawéni kamulyan pinunjul adi, nging manungsa panggah dados Putraning Gusti. 4 Iblis nggèndhèng nilar Allah, nging tanpa guna, wit wus mantep ing pracaya, gesang raharja.
|
|