1 Nggen kawula makarya, inggih kasar alusa, mung Paduka, Gusti, kang mugi amaringi pitedah wah panganthi, mrih kang pinanggih prayogi 2 Kawula tan nglenggana, tansah mung damel cuwa, séstu tanpa gina. Lamun tan binerkahan déning Allah Pangéran, lah wekasanipun nglaha. 3 Gusti Kang Mahaadil, mugi Paduka nunggil ing kula slaminya; mrih ing salir pakaryan, tumindak, kalakuwan, manut pangrèhîng Pangéran.
|
|