1 Nadyan kula nandhang sangsara Gusti maringi kekiyatan. Sanadyan katempuh prahara, kula wus tamtu saged tahan Salib kula datan nglangkungi panandhang pisakiting Gusti Yeku pratandha nira, Gusti pananggel kula langgeng ing salaminya 2 Salir erining gesang kula tan timbang makuthaning Gusti. Kasangsaran miwah panyiya datan mantra badhé nyamèni. 3 Ngemban dhawuh sèstu kabegjan. Anampi berkah katentreman datan wonten kang saged ngrebat, lestantun tumekêng akérat.
|
|