1 Kula pitados ing Allah, Sang Rama Kang Makwasa; ingkang nitahaken langit lan bumi saisinya. Kula pitados ing Gusti Yesus Kristus Kang Putra ontang - anting lan kesasih, Gusti Pamarta kula. 2 Kang sampun kabobotaken sing kwasane Roh Suci; miyos saking prawan Maryam, nahanaken pisakit kala Pontius Pilatus ingkang ngasta bupatya: sinalib nglampahi séda, tumedhak mring antaka 3 Tigang dintenipun wungu sing antaka, dyan minggah dhateng suwarga, apinarak nèng tengenipun Allah Sang Rama Kang Mahakwasa, king ngriku badhé rawuh. angadili tiyang ingkang gesang lan ingkang pejah. 4 Nggih pitados ing Roh Suci wah malih wontenipun pasamwan Kristen satunggil, kang suci sarta umum. Patunggilané pra suci, pangapuntening dosa, tanginira para mati, kang sarta gesang baka.
|
|