1 Kula mboten badhe nilar dhateng Gusti Pamarta; dhateng pundi Gusti tindak, kula ndherek Paduka Kula tut wingking Gusti ing salami kula gesang, awit yen tanpa Gusti, kawula tan saged mimpang 2 Nadyan gung karibedan, kawula tan was-sumelang. Gusti paringa tatag, kula kiyat tan gumiwang. 3 Kula tansah ndhèrèk Gusti, nadyan sring kamomotan; nyawa kula memuji, tamtu antuk pitulungan.
|
|