1 Krana Gusti kula, Injil ngrembaka; yeku tuking iman, sumber kraharjan; gesang cinekapan wah linuberan, nugraha punika maremken nyawa 2 Gusti paring sabda kebak sih-tresna; Roh Paduka mbuka pamireng kula; ndadar mrih kuwawa nyingkiri dosa, marengna kawula dumugèng swarga. 3 Gusti, kula girang tampi pepadhang; kamardikan wetah, nuwuhken bingah. kula kaparengna tansah sih - setya, murih datan kendhat nggunggung Paduka.
|
|