1 Kasetyaning Allah datan gingsir. Sakingkang tinimbalan, den pilihi. Samukawis tan sah pinirsanan. Prasetyanya tamtu den leksanani. Dalasan saka thahing pakaryan sinembadan. 2 Sabda lan kwasané Allah nyata. Saben jaman winengku ing pangrèhnya. Astanya kukuh miwah santosa, ngasta pangadilan ing salamanya. Landheping sabdanya nyirnakaken kadurakan. 3 Sang Roh Suci kang kagungan karsa mbikak kekeraning kawilujengan. Pasamuwan binereg manahnya, tansah tinuntun marang kasampurnan, nggih dadya warga kratoning Allah salamanya.
|
|