1 Kabegjan kang sejati, tinunggil Gusti. Yen panggodha ndhatengi, gya dentulungi, mrih mantep pracaya wah tetep widada, malah ngesorken dosa, panggah sembada. 2 Kabegjan kang satuhu, rineksa Gusti. Yèn panandhang ngreridhu, gya dènluwari, mrih kraharjan nyata rinengkuh slaminya. Mara tansah sung puja, wit sih-piwlasnya. 3 Kabegjan kang sanyata, jinangkung Allah. yén rinoban sangsara, gya dénentasna, mrih ayem ing manah sarta tentrem tansah, memuji datan kendhat, nggunggung sih-rahmat.
|
|