1 Gusti Yesus Sang Pamarta, kula ndherek Paduka, manggul salib ing slaminya klayan bingahing driya. Kula Paduka kiyatken, sageda tahan sisah; sampun ngantos kemuriten, sampun cuwa ing manah. 2 Nadyan tinilar ing mitra, sinengitan nèng donya, kula manteb ing pracaya, ndhèrèk Gusti slaminya. Lamun Gusti ingkang nganthi, kabegjan kang pinanggya. Lamun Gusti kang ngasihi, mokal yèn ta cilaka. 3 Karibedan lan sangsara krana ndhèrèk Paduka, ngiyatken tékating manah, nggayuh Kratoning Allah. Datan geter datan wedi neksèni Injil suci, mrih gesang langgeng katampi, wit tinunggil ing Gusti.
|
|