1 Gusti Yesus Pangen kula, Kula menda kagungannya. Dennya nebus klayan rahnya, mrih kula gesang slaminya. 2 Sang Kristus Pangèn utama kang sampun ngetohken nyawa, nebus kula saking dosa, wah nuntun kula mring swarga. 3 Gusti ngayomi méndanya, inguwalken sing rubéda, mrih tan tiwas ing panandhang, nging tansah manggih kabegjan. 4 Gusti ngempalken méndanya kadadosaken sapantha, kinen gesang atut-rukun, mbangun-turut Pangènipun. 5 Gusti ngreksa pra mendanya klayan astanya kang rosa, lamun wonten kang ketriwal, den lari mrih datan ical.
|
|